Selasa, 21 November 2017

Cerkak



Dening :
Fira Alvina                 (18)
Yekti Oktaviani Devi  (34) 
Kelas : XII MIPA 5
Pengalaman Ing Jepang

            Ing minggu sore, Cinta wis mberesake kabeh kalengkapan kanggo lunga preian ing Jepang. Ing kono, Cinta wis nyiapake 2 koper kanggo keperluane dewe. Nanging, kanggo preian taun iki Cinta di tunggoni karo 2 kancane, yaiku Milka lan Prissil. Ing wayah wengi, Cinta wis budhal menyang umahe Milka kanggo nyusul Milka lan Prissil, jalaran Prissil uwis teka ing umahe Milka. Sawise iku, arek-arek kuwi budhal bareng menyang Bandara, jalaran wektu penerbangan wis 2 jam maneh. Sawise teka ing Bandara Soekarno – Hatta, ora let suwe        arek-arek kuwi wis munggah ing pesawat lan ngelakoake penerbangan menyang Jepang.
            Sawise pirang-pirang jam ngelakoake pirang-pirang pungkasan arek-arek kuwi uga tutuk ing Jepang. Sawise menyang Bandara, arek-arek kuwi langsung menyang hotel kanggo ngasuk disek sakdurunge preian ing panggonan yaiku Tokyo, Jepang. Arek-arek kuwi ana ing hotel cukup suwi lan uga ngrasakake fasilitas ing hotel. Selasa isuk, arek-arek kuwi uwis siap kanggo budhal menyanng Disneyland. Sawise sarapan ing hotel bareng, pungkasane arek-arek budhal menyang Disneyland.
            Sawise nglakoake tuku barang-barang teka hotel menyang Disneyland, akhire wis tutuk ing Disneyland. Arek-arek seneng bannget amarga iki pertama kalline menyang Disneyland. Ing kono rame banget, padahal iki duduk dina weekend. Masio rame banget, tapi tetep tertib lan teratur, beda karo ing Indonesia sing kadang ora gelem tertib ngantri lan biasane dusel-duselan. Arek-arek kaget banget ndeleng kaendahane Disneyland, lan kebersihane wahana-wahana ing kono, seje kari ing Idonesia sing kadang panggonan wisatae ora pati resik, lan sampah keleleran. Ing latar Disneyland arek-arek uga bisa ndeleng para tokoh ing Disneyland, kayata peran Dolim, Gufi, lan sapanunggale.
            Wayah ing njero Disneyland, arek-arek ngunjungi panggonan dolanan sing seru banget, lan ngunjungi panggonan sing jenenge “umah gufi”. Supaya bisa melbu ing “umah gufi” , kuwi kudu ngliwati antrian sing dowo banget, supaya bisa melbu ing panggonan kasebut.
            Ing kono, arek-arek kuwi iso ndeleng lan ngrasakake kaya ana ing “umah gufi” asline. Sakbanjure metu teka panggonan kasebut, arek-arek kuwi tuku pirang-pirang panganan popcorn sing di wadahi, kang rupane unik. Sawise iku, arek-arek kuwi takon menyang uwong sing dodol popcorn.
“ Hello Mr, how many kind of popcorn there? ”. Takon Cinta.
“ There are 7 kinds of unique popcorn ”. Jawab sing dodolan popcorn.
“ Oke, I would like the frozen one ”. Jare Cinta.
“ I would like the Mickey Mouse ”. Celoteh Milka.
“ Yen kowe arep sing endi, Pris? ”. Takon Milka.
“ Hmmm, aku gelem sing Minnie Mouse wae wes ”. Jawab Prissil.
Cinta tuku popcorn sing wadahe kaya kereta kencana karo gambar Frozen, yen Milka lan Prissil tuku sing wadah e Mickey lan Minnie Mouse. Arek-arek kuwi mangan popcorn karo mlaku-mlaku nikmati endahe Disneyland. Sakmarine iku, arek-arek kuwi ora lali foto bareng ing panggonan sing unik ing Disneyland.
            Ing wayah wengi, arek-arek kuwi dinner bareng badut Mickey lan Minnie Mouse ing restoran sing cedek teka Disneyland. Ing warung kasebut, wayahe mangan para tamu di ampiri marang tokoh-tokoh Disneyland, termasuk Cinta, Milka, lan Prissil. Sakmarine iku arek-arek kuwi mbalik menyang hotel kanggo ngasuh lan nglanjutake preian kesok.
            Sawise dina wingi, arek-arek kuwi siap-siap gawe lunga menyang salah siji taman sing ana ing Tokyo,Jepang. Iang taman kasebut akeh kembang sakura sing apik banget ing taman kuwi rame banget tamune sing teko mancanegara utowo domestik. Kaya biasane arek-arek kuwi foto bareng ing taman kasebut sing latare kembang sakura sing apik. Ora krasa dina wis mulai peteng lan ora suwi-suwi maneh arek-arek kuwi budhal menyang umah kancane.
            Sawise iku, arek-arek uwis teka ing umahe kancane, yaiku umae Cynthia. Cynthia iki kanca suwe teka Cinta, Milka, lan Prissil wayah ing Indonesia lan nglanjutake sekolahe ing Jepang. Ing kono, arek-arek ngomong akeh tentang keadaane saiki lan cerita tentang mbiyene wayah ing SMA sing bakal nagangeni.
            Sakmarine iku, arek-arek ana ing umahe Cynthia, lan ngasuh ing umahe Cynthia. Ing wayah wengi, arek-arek lan Cynthia budhal bareng kanggo dinner ing salah siji warung mangan Italia sing ana ing Jepang. Arek-arek mesen akeh banget panganan ing kono. Cynthia mesen panganan kesenengane sing uga panganan terlaris ing warung mangan iki, yaiku Pizza lan 8 macem keju. Nanging Cinta, Milka, lan Prissil mesen panganan kesenengane. Sawise pesenan teka Cinta, Milka, lan Prissil kaget amarga ana Pizza sing di pesen karo Cynthia. Amarga pizza kuwi beda banget rasane karo pizza-pizza liyane. Sakdurunge mangan, arek-arek kuwi nyicipi pizza kasebut.
“ Cyn, apa bener iki panganan sin terkenal ing restoran iki? ”. Takon Milka
“ Iyo, pizza iki pancen terkenal ing warung kene ”. Jare Cynthia
“ Pantes wae dadi terkenal, lah pizza e iki pancen enak ”. Jawab Prissil
“ Apa maneh keju ne 8 macem keju sing beda iki enak banget, aku seneng banget karo keju ”. Celotehe Cinta

            Sawise mangan, akhire arek-arek kuwi foto bareng, amarga bisa ketemu Cynthia lan bisa ngilangi rasa kangene arek-arek marang Cynthis. Sakmarine iku, arek-arek pisah ing warung iku. Cynthia mbalik ing umahe, nanging Cinta, Milka, lan Prissil balik marang hotel.

            Ing wayah esuk, arek-arek budhal menyang panggonan dolanan sing ana ing Tokyo,Jepang panggonan dolanan kuwi adoh banget teka hotel lan mbutuhake wektukira-kira 2 jam teka hotel. Sawise ana ing panggonan dolanan, arek-arek langsung ngantri kanggo tuku tiket supaya bisa melbu ing papan kasebut. Cinta langsung ngantri tuku tiket kanggo Milka uga Prissil.
            Sakmarine ngantri tiket sing dowo banget, akhire Cinta uwis nemokake tiket lan bisa melbu kanggo menikmati dolanan sing seru banget. Arek-arek nyaman banget bisa dolanan ing kono, dolanan sing medeni uga di coba. Naging, ing kene Prissil ora melu amarga wedi karo panggonan sing duwur. Sawise iku, arek-arek krasa kesel lan mutusake mangan disek ing salah siji warung mangan sing ana ing panggonan dolanan kasebut. Sawise mangan, arek-arek isih ngasuh sediluk, sakdurunge arek-arek nyoba dolanan-dolanan sing seru banget. Sakmarine mangan, arek-arek nglanjutake dolanan liyane. Ora krasa, wektu nunjukake jam 2, arek-arek wis mari menikmati kabeh dolanan sing seru. Sawise iku, arek-arek budhal menyang salah sijine toko sing ana ing panggonan kasebut. Ing toko kuwi, arek-arek tuku barang akeh sing unik, lan tuku oleh-oleh kanggo keluargane ing Indonesia. Arek-arek mikir yen pingin tuku barang sing pada nanging unik
“ Kepriye yen kita tuku barang sing pada ?”. Takon Milka
Oke, aku setuju ”. Jawab Cinta
“ Nanging, kita tuku apa ?”. Takon Prissil
“ Kita tyku barang sing bisa digawe wae ”. Jawab Cinta
“ Yen ngunu, kita nggolek ae baranng sing cocok gawe kita dewe ”. Celoteh Milka
Sawise nemokake barang sing cocok, akhire arek-arek langsung mbayar, sawise mbayar arek-arek metu teka toko kasebut. Ing dolanan kuwi, arek-arek tetep omong wae.
“ Milka, kowe blanjae akeh banget sih ? ”. Takon Cinta
“ Iyo, iki kan oleh-oleh kanggo keluargaku ing Indonesia ”.Jawab Milka
“ kowe boros banget ya Mil, padahal tuku sing perlu wae. Tapi yo ojo sampe korupsi loh Mil, ati-ati kebablas... ”. Jare Prissil
 “ wohh... iya, iya , aku yo ngerti, ora sampek ngunu aku. Iki kan oleh-oleh ”. Jawab Milka
“ Uwis, uwis . Aja tukaran wae. Ayo ndang budhal ”. Jare Cinta
Sawise iku, arek-arek menyang hotel kanggo ngasuh. Ing hotel arek-arek ngasuh amarga sesuk sore uwis balik menyang Indonesia.

            Srengenge uwis mulai ana, arek-arek uwis pada tangi, uga sarapan ing hotel. Sawise sarapan langsung ngrapiake barang-barang kanggo siap-siap balik menyang Indonesia. Sawise iku, arek-arek nggunakake wektu santai bareng ing kolam renang hotel. Arek-arek uga menikmati wektu santai lan wektu terakhir ing Jepang.
            Ing wayah sore, kira-kira jam 3 sore, arek-arek kudu menyang bandara amarga jadwal penerbangan menang Indonesia uwis 1 jam maneh. Cinta lan Prissil ngenteni ing montor, arek-arek isih ngenteni Milka sing durung siap amarga akeh barang sing kudu di gawa. Cinta lan Prissil ngenteni kira-kira 15 menit lan Milka metu teka hotel lan mlaku menyang montor.
“ Suwe banget sih Milka ?”. Takon Prissil
“ Iyo, sepurane, barangku akeh sing kudu di gawa Pris ”. Jawab Milka
“ Uwis Pris, aja ngamuk-ngamuk . Ya wis, yuk budhal saiki ”. Jare Cinta
Akhire arek-arek budhal menyang bandara.
            Sesuke, arek-arek uwis tekan bandara Soekarno – Hatta, Indonesia dalam keadaan slamet. Sakmarine kuwi, arek-arek balik menyang umah dewe-dewe lan pisah ing bandara kuwi. Preian kali iki arek-arek kuwi ngesanken banget, amarga pertama kali preian menyang negeri liya tanpa didampingi karo wong tuwo.

Kamis, 16 November 2017

Cerkak

Dening : 
Ainur Rofika Dwi Hardiyanti  (03)
Choirunnisa Dianingrum         (08)
Kelas : XII MIPA 5 

Kasile Sregep Sinau

            Ing pasar, adhine Lisa ngrenget njaluk seragam anyar. Seragam adhine Lisa pancen wis lecek lan warnae wis burek ora pantes dienggo. Adhine Lisa jenenge Ria, sing umur 10 taun.
            Lisa saying banget marang Ria amarga iku dulur siji-sijine. Lisa lan Ria saka keluarga sing ora nduwe. Bapake mung kerja dadi buruh tani lan ibune kerja dadi tukang pijet.
            “Mbak, aku tukokno seragam putih. Seragamku wis lecek lan warnane wis burek,” njaluke Ria sing kudu nangis.
            “Mbak ora nduwe duwit, Nduk. Iki duwite arep dienggo tuku beras lan sayur,” wangsulane Lisa karo melas.
            Senajan ora ditukokno, Ria tetep nerima lan meneng. Bocah cilik iku pancen wis ngerti menawa uripe rekasa, kanggo mangan wae kurang, apa maneh tuku seragam sing apik.
            Sawise tuku beras lan sayur, Lisa lan Ria bali menyang umah. Omahe saka gedek sing wis radha rusak amarga dipangan rayap.
            Senajan Lisa lan keluarga urip rekasa, nanging Bapak pingin Lisa lan Ria dadi wong sukses pingin nyekolahake nganti Perguruan Tinggi. Bapake ora geloh amarga Lisa iku bocah sing sregep sinau lan pinter sekolahe.
            Wektu Lisa arep sinau, Bapake sing teka kerja nyedeki.
            “Sa, kowe kudu dadi wong sing sukses. Ojo kaya Bapak sing mung dadi buruh tani,” kandane Bapake Lisa.
            “Inggih, Pak,” wangsulane Lisa.
            Esuk-esuk adem banget. Lisa wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo sekolah. Lisa budal esuk amarga arep melu lomba cerdas cermat ing sekolahe. Sawise siap, Lisa pamit marang Bapak lan Ibune.
            “Pak.. Bu, kula bidal rumiyin. Mugo-mugo kula dados juara lomba lan saget numbasake seragam kanggo Ria,” pamite Lisa karo salaman.
            “Iyo, Bapak lan Ibu mung iso ndungo marang sing Kuasa. Ati-ati, Sa,” jawabe Ibu.
            Ing lomba, Lisa iso jawab soal sing diwacakake juri. Wayahe pengumuman juara, Lisa oleh juara 1. Lisa bali menyang umah nggowo hadiah karo sumringah ngontel sepedae, amarga iso dadi juara 1 lan iso nukokno seragam Ria.
            “Assalamualaikum, Pak, Bu.”
            “Waalaikumsalam,” wangsulane Ibu.
            “Bu, kula dados juara 1 lan Ria saget tumbas seragam anyar.”
            “Alhamdulillah Sa, anake ibu pancen pinter. Wis ndanyan ganti klambi!”
            Sawise ganti klambi, Lisa ngajak adhine menyang pasar tuku seragam anyar.
            “Ria, ayo menyang pasar!” ajake Lisa.
            “Arep tuku opo mbak?” sauté Ria.
            “Tuku seragam anyar kanggo kowe, supaya ora nganggo seragam sing lecek maneh yen sekolah,” semaure Lisa.
            Lisa budhal menyang pasar karo gonceng adhine. Ing pasar…
            “Cukup apa ora seragame Ria?” pitakone Lisa.
            “Inggih mbak, cukup. Nuwun ya mbak.”
            Lisa ngerasa lega amarga iso nuruti kepinginane adhine nganggo usahane dewe. Bocah loro iku bali menyang omah karo sumringah.
            Sawise iku, wayah sekolah badhe teka, Lisa nekani Ria.
            “Seneng toh, wis nduwe seragam apik?” omonge Lisa lega.
            “Hehe, aku iki entuk saka kasilku dewe. Marang sinau terus, yo ngene enthuke yo Mbak?” pitakone Ria balik.
            “Mangkane saiki perkara juara marang hadiah wae iso enthuk klambi anyar. Lah lek sregep sinau terus nganthi mbesuk iso sembarang gratis loh!”
            Ndeleng rupa Lisa, akhire Ria semangat lan terus ngiling-ngiling nasihat saka Mbake karo Bapake. Sawise pada ngomong, Ria langsung turu amarga kesok kudu tangi isuk banget.
            Ria tangi isuk banget langsung buka buku amarga maos kang pelajaran sing bakal dibahas ing sekolah. Bapake ngerti, Ria tangi isuk.
            “Oalah Ria, Bapak yakin nemen. Kowe mbesok nak, iso dadi wong sukses nglebihi Bapakmu iki. Pokoke seneng sinau,” serune Bapak.
            Ria sing krungu Bapake muji kang kasregepane kuwi, Ria tambah pateng lan semangat.
            “Pokoke ojo lali yo, dunga akhirat,” sauté Bapak.
            “Inggih, Pak,” wangsulane Ria.
            Jam wis ana ing wayahe budhal sekolah, Ria cepet-cepet mbenehake sepeda sing arep ditumpaki.
            “Kula badhe bidal Pak, Bu. Assalamualaikum,” pamite Ria.
            “Waalaikumsalam,” semaure Bapak lan Ibu.
            Wayah sakmarine nutuk sekolah, Ria marker sepedha alon-alon. Ria ngerawat tenan marang seragam anyar sing sakmarine dientukake oleh lomba Mbake.
            Werna langit durung pati biru, mergane isuk banget. Ria iling materi kang sakdurunge dimaos ana sing durung mari. Ria langsung melbu kelas. Sangking sregep maos materine, wis awan lan rame ora nyadar.
            “Ria, kowe mulai mau iki maca apa ta?”
            “Iki loh, aku ora paham materine,” sauté Ria.
            Kancane pisan melu maos amarga penasaran. Kancane ora ngerti pisan. Akhire siswa-siswi ngenteni guru teka.
            “Bu, niki kita padha mboten ngertos,” pitakone Ria.
            “Endi materine?”….”Oalah, ngene….”
            Bu guru kuwi ngajar lan nerangno nang kabeh murid lan padha ngerti akhire. Bu guru mara-mara cerita nang muride kabeh, yen kudu sregep sinau lan mikir dunya akhirat.
            “Sregep sinau kuwi pokoke kudu seneng, yen ujian kuwi kudu sinau amarga mikir dunya akhirat.”
            “Maksudenipun, Bu?” pitakone murid-murid.
            Wayah niku, Ria wis ngerti, amarga iku mesti nasihat sing dipundhutaken saka Bapak lan Mbake.
            “Mestine ora oleh curang lan goro, kudu sinau!” sauté Ria.
            “Lah kuwi Ria ngerti. Yen pinter kuwi iso sekolah gratis amarga kapinterane. Donga maca sing sregep. Ayo sinau bareng, sing semangat!” sambunge Bu guru.
            “Amiin, inggih Bu!”
            Batine Ria lega terus, sakwise enthuk seragam anyar wis iso nemu semangat belajar maneh lan bener-bener sregep sinau lan disertai kejujuran.

Jumat, 29 November 2013

Recount Text




My Holiday

Three weeks ago I went to Pandan Wangi with my family. We went there by motorcycle. We left at 08:00 am and arrived at the beach at 10:00 am.
The air there is very cool and the landscape is very beautiful. There, I bought some drank.
After that,
I looked for marine animals on the beach with my brother. Me and my brother got snails, shrimp, small octopus, starfish, crabs. Then, I with my brother played and made sand castles. Before we went home we saw the scenery around the coast of the bridge.
In the day time we went home. That was very pleasant moment with my family that I ever got.