Kamis, 16 November 2017

Cerkak

Dening : 
Ainur Rofika Dwi Hardiyanti  (03)
Choirunnisa Dianingrum         (08)
Kelas : XII MIPA 5 

Kasile Sregep Sinau

            Ing pasar, adhine Lisa ngrenget njaluk seragam anyar. Seragam adhine Lisa pancen wis lecek lan warnae wis burek ora pantes dienggo. Adhine Lisa jenenge Ria, sing umur 10 taun.
            Lisa saying banget marang Ria amarga iku dulur siji-sijine. Lisa lan Ria saka keluarga sing ora nduwe. Bapake mung kerja dadi buruh tani lan ibune kerja dadi tukang pijet.
            “Mbak, aku tukokno seragam putih. Seragamku wis lecek lan warnane wis burek,” njaluke Ria sing kudu nangis.
            “Mbak ora nduwe duwit, Nduk. Iki duwite arep dienggo tuku beras lan sayur,” wangsulane Lisa karo melas.
            Senajan ora ditukokno, Ria tetep nerima lan meneng. Bocah cilik iku pancen wis ngerti menawa uripe rekasa, kanggo mangan wae kurang, apa maneh tuku seragam sing apik.
            Sawise tuku beras lan sayur, Lisa lan Ria bali menyang umah. Omahe saka gedek sing wis radha rusak amarga dipangan rayap.
            Senajan Lisa lan keluarga urip rekasa, nanging Bapak pingin Lisa lan Ria dadi wong sukses pingin nyekolahake nganti Perguruan Tinggi. Bapake ora geloh amarga Lisa iku bocah sing sregep sinau lan pinter sekolahe.
            Wektu Lisa arep sinau, Bapake sing teka kerja nyedeki.
            “Sa, kowe kudu dadi wong sing sukses. Ojo kaya Bapak sing mung dadi buruh tani,” kandane Bapake Lisa.
            “Inggih, Pak,” wangsulane Lisa.
            Esuk-esuk adem banget. Lisa wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo sekolah. Lisa budal esuk amarga arep melu lomba cerdas cermat ing sekolahe. Sawise siap, Lisa pamit marang Bapak lan Ibune.
            “Pak.. Bu, kula bidal rumiyin. Mugo-mugo kula dados juara lomba lan saget numbasake seragam kanggo Ria,” pamite Lisa karo salaman.
            “Iyo, Bapak lan Ibu mung iso ndungo marang sing Kuasa. Ati-ati, Sa,” jawabe Ibu.
            Ing lomba, Lisa iso jawab soal sing diwacakake juri. Wayahe pengumuman juara, Lisa oleh juara 1. Lisa bali menyang umah nggowo hadiah karo sumringah ngontel sepedae, amarga iso dadi juara 1 lan iso nukokno seragam Ria.
            “Assalamualaikum, Pak, Bu.”
            “Waalaikumsalam,” wangsulane Ibu.
            “Bu, kula dados juara 1 lan Ria saget tumbas seragam anyar.”
            “Alhamdulillah Sa, anake ibu pancen pinter. Wis ndanyan ganti klambi!”
            Sawise ganti klambi, Lisa ngajak adhine menyang pasar tuku seragam anyar.
            “Ria, ayo menyang pasar!” ajake Lisa.
            “Arep tuku opo mbak?” sauté Ria.
            “Tuku seragam anyar kanggo kowe, supaya ora nganggo seragam sing lecek maneh yen sekolah,” semaure Lisa.
            Lisa budhal menyang pasar karo gonceng adhine. Ing pasar…
            “Cukup apa ora seragame Ria?” pitakone Lisa.
            “Inggih mbak, cukup. Nuwun ya mbak.”
            Lisa ngerasa lega amarga iso nuruti kepinginane adhine nganggo usahane dewe. Bocah loro iku bali menyang omah karo sumringah.
            Sawise iku, wayah sekolah badhe teka, Lisa nekani Ria.
            “Seneng toh, wis nduwe seragam apik?” omonge Lisa lega.
            “Hehe, aku iki entuk saka kasilku dewe. Marang sinau terus, yo ngene enthuke yo Mbak?” pitakone Ria balik.
            “Mangkane saiki perkara juara marang hadiah wae iso enthuk klambi anyar. Lah lek sregep sinau terus nganthi mbesuk iso sembarang gratis loh!”
            Ndeleng rupa Lisa, akhire Ria semangat lan terus ngiling-ngiling nasihat saka Mbake karo Bapake. Sawise pada ngomong, Ria langsung turu amarga kesok kudu tangi isuk banget.
            Ria tangi isuk banget langsung buka buku amarga maos kang pelajaran sing bakal dibahas ing sekolah. Bapake ngerti, Ria tangi isuk.
            “Oalah Ria, Bapak yakin nemen. Kowe mbesok nak, iso dadi wong sukses nglebihi Bapakmu iki. Pokoke seneng sinau,” serune Bapak.
            Ria sing krungu Bapake muji kang kasregepane kuwi, Ria tambah pateng lan semangat.
            “Pokoke ojo lali yo, dunga akhirat,” sauté Bapak.
            “Inggih, Pak,” wangsulane Ria.
            Jam wis ana ing wayahe budhal sekolah, Ria cepet-cepet mbenehake sepeda sing arep ditumpaki.
            “Kula badhe bidal Pak, Bu. Assalamualaikum,” pamite Ria.
            “Waalaikumsalam,” semaure Bapak lan Ibu.
            Wayah sakmarine nutuk sekolah, Ria marker sepedha alon-alon. Ria ngerawat tenan marang seragam anyar sing sakmarine dientukake oleh lomba Mbake.
            Werna langit durung pati biru, mergane isuk banget. Ria iling materi kang sakdurunge dimaos ana sing durung mari. Ria langsung melbu kelas. Sangking sregep maos materine, wis awan lan rame ora nyadar.
            “Ria, kowe mulai mau iki maca apa ta?”
            “Iki loh, aku ora paham materine,” sauté Ria.
            Kancane pisan melu maos amarga penasaran. Kancane ora ngerti pisan. Akhire siswa-siswi ngenteni guru teka.
            “Bu, niki kita padha mboten ngertos,” pitakone Ria.
            “Endi materine?”….”Oalah, ngene….”
            Bu guru kuwi ngajar lan nerangno nang kabeh murid lan padha ngerti akhire. Bu guru mara-mara cerita nang muride kabeh, yen kudu sregep sinau lan mikir dunya akhirat.
            “Sregep sinau kuwi pokoke kudu seneng, yen ujian kuwi kudu sinau amarga mikir dunya akhirat.”
            “Maksudenipun, Bu?” pitakone murid-murid.
            Wayah niku, Ria wis ngerti, amarga iku mesti nasihat sing dipundhutaken saka Bapak lan Mbake.
            “Mestine ora oleh curang lan goro, kudu sinau!” sauté Ria.
            “Lah kuwi Ria ngerti. Yen pinter kuwi iso sekolah gratis amarga kapinterane. Donga maca sing sregep. Ayo sinau bareng, sing semangat!” sambunge Bu guru.
            “Amiin, inggih Bu!”
            Batine Ria lega terus, sakwise enthuk seragam anyar wis iso nemu semangat belajar maneh lan bener-bener sregep sinau lan disertai kejujuran.

1 komentar:

Posting Komentar